Selasa, 18 Desember 2018

Kidung Ati Tangise Bumi

Kidung Ati Tangise Bumi

Kidung Ati Tangise Bumi

bumine nangis eluhe lumpur agawe giris
bumine nesu watuk watuk ndadekake lindhu
bumi wis tuwo jare kiamat wis arep teko
iki pratondho bendune Kang Moho Kwoso

bumine sambat gununge gundhul
alase di babat
bumi lara ati banjir bandhang
anggegirisi
ujare wong pinter alas kang subur
minongko pager
Pagering bumi murih alam tetep lestari

adhuh Gusti Kulo nyuwun pangapuro
Kulo niki Sampun kathah doso
adhuh Gusti Ingkang Maha Kwasa
Nyuwun Luar Saking gudho Pangrencono

prasedulur tunggal nuso tunggal bongso
ojo congkrah lan ojo suloyo
bareng urip golek dalan padhang
sujud suyukur wonten ngarsane Pengeran

Kidunge ati angruwat bongso sa nagari
monggo ndedungo dahuru inggalo sirno
cancut gumregut bebarengan mbangun projo
lestarekno alam murih bumine ra murko

adhuh Gusti Kulo nyuwun pangapuro
Kulo niki Sampun kathah doso
adhuh Gusti Ingkang Maha Kwasa
Nyuwun Luar Saking gudho Pangrencono

prasedulur tunggal nuso tunggal bongso
ojo congkrah lan ojo suloyo
bareng urip golek dalan padhang
sujud suyukur wonten ngarsane Pengeran

Kidunge ati angruwat bongso sa nagari
monggo ndedungo dahuru inggalo sirno
cancut gumregut bebarengan mbangun projo
lestarekno alam murih bumine ra murko

0 komentar:

Posting Komentar